Rabu, 18 April 2018

Nikmate Apem Jajanan Tradisional Khas Kesesi


Assalamualaikum Wr. Wb.
      Ngomong ngomong tentang jajanan, sopo sih sing ora seneng jajanan? Kadi wong tuo, remaja, lan bocah bocah cilik mesti seneng sing arane jajanan. Jajanan iku makanan ringan sing dibedakake dadi loro, ono jajanan modern lan jajanan tradhisional. Jajanan Tradhisional iku panganan tradhisional indonesia koyo kue utawa panganan sing khas kadi berbagai dhaerah sing ono nang Indonesia lan didol nang pasar, khususe pasar tradhisional biasane jajanan tradhisional iku pembuatane nganggo alat lan bahan bahan sing sederhana lan mung biso diproduksi skala cilik.
   Contoh jajanan tradhisional iku koyo serabi, klepon, ketan, bolang baling, sangkulun, tiwul lan iseh akeh sing liyane. Nah, yen jajanan Modern iku makanan sing nggawene nganggo alat-alat lan bahan sing wis canggih koyo mesin. Jajanan iki biasane nggunakake bahan pengawet lan pewarna sintesis utawa dicampuri zat zat penyedap. Jajanan modern iku contone chiki, cimin, sarang laba laba, cilok, lan liya liyane.
      Ing kesempatan iki kita arep mbahas tentang salah siji jajanan tradhisional sing isek dadi primadona ing kalangan masyarakat Pekalongan. Yoiku jajanan khas Kecamatan Kesesi, Kabupaten Pekalongan, Jawa Tengah. Ono sing ngerti? Yap, Apem. Apem sing biasane dikenal apem Comal sak asline asli khas Kesesi lan di produksi ing Kesesi. Apem diproduksi ing suatu daerah ing Kesesi yokui daerah Bantul. Senajan asli soko Kesesi tapi jajanan iki luwih terkenal khas Pemalang kususe Comal. Kenapa? Sebab wong Kesesi masarake jajanan iki ing pasar nah pasar paling cedak iku yo pasar Comal Kabupaten Pemalang.


      Senajan sing terkenal apem Comal nanging penduduk Kesesi ora jengkel, menurute wong Kesesi sing penting jajanan iki biso dikenal lan disenengi masyarakat.
      Apem kui kalebu kue basah sing rasa manise pas ora nggawe bosen, gurih lan sedep. Bahan dasar utamane yokui tepung beras lan gula jawa. Kawit mbiyen bahan pembuatan apem iki terus dijaga dadine rasa lan kualitas ora berubah nganti saiki. Jajanan iki disajikake nganggo godong gedhang sing wis dibentuk sak ukuran apem. Godong gedhang iki sing nggawe apem ndueni aroma sing khas. Apem sing apik kui ndueni ciri ciri nopo yokui yen dipangan rasane manis tapi manise , ora nggegadel, gurih, legit lan teksture ono rongga rongga udarane. Yen didelok warnane terang, ora kusem. Supoyo luwih gurih, kadang ono pedagang sing segaja ndeleh irisan kelapa. Nah cara pembuatane iku iseh nganggo peralatan tradhisional koyo dandang, anyaman, sarangan, godong lan masake iseh nganggo pawon utawa kayu sing dibakar.

      Supoyo bisa ngrasakake nikmate jajanan iki cuma butuh ngetokake duit Rp. 1000,- tok lo, murah kan? Ayo koncoku sedoyo cintai jajanan tradhisional. Carane nggawe apem yokui pertama, ngumbah beras lan direndem 2 wengi, terus digiling nganti dadi tepung, tepung diuleni lan diaduk rata nganti dadi adonan. Gula jawa/gula aren di encerake lan dituang ing adonan, capurake lan uleni nganti rata terus dicetak, sakwise dicetak adonan dikukus 10 menit. Gampang kan.
      Mulane, kita sebagai generasi bangsa sing apik monggo lestariake kekayaan kabudayaan jawa sing meh lunturdikikis zaman iki. Koyo opo kahanan budaya jawa ing masa depan iku yo gumantung Konco konco sekalian. Monggo sareng sareng kita cintai kebudayaan kita sebagai kekayaan bangsa tercinta supaya tetep lestari lan dadi primadona penduduk pribumi.
Wassalamualaikum Wr. Wb.



Blog iki kasusun oleh :
1. Arini Ishmah Rose Haryanto
2. Laelatun Mualifah
3. Dian Indriyanti
4. M. Ferryl Fian Al rasyid
5. Siti Roudhotul Jannah

Kelas X Mipa 2
SMA N 1 Kajen Kabupaten Pekalongan
Tahun Pelajaran 2017/2018

Nikmate Apem Jajanan Tradisional Khas Kesesi Assalamualaikum Wr. Wb.       Ngomong ngomong tentang jajanan, sopo sih sing ora seneng j...